Menyang kontèn

Ari Sihasale

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ari Sihasale
Ari Sihasale
Ari Sihasale
Latar wuri
Jeneng lair Juharson Estrella Sihasale
Jeneng liya Ari Sihasale, Ale
Lair (1973-10-05) Oktober 5, 1973 (umur 50)
Indhonésia Tembagapura, Indonésia
Pakaryan Aktor, penyanyi, sutradara
Taun aktif 1990-saiki
Hubungan
Pasangan Nia Zulkarnaen

Juharson Estrella Sihasale (lair ing Tembagapura, Papua, 5 Oktober 1973; umur 50 taun) ing masarakat kondhang mawa jeneng Ari Sihasale utawa Ale ya iku aktor lan musikus saka Indonésia kang isih katurunan saka Ambon.[1] Dhèwèké tau nggabung karo grup band Cool Colours, bebarengan karo Ari Wibowo, Surya Saputra, lan Johandy Yahya.[1]

Saiki dhèwèké duwé omah prodhuksi Alenia Production, kang akir-akir iki ngripa filem kaping pisané ya iku Denias, Senandung Di Atas Awan.[1] Film iku uga kang nuli ing Fèstival Film Indonésia 2006, agawé Albert Fakdawer dadi paraga priya paling apik.[1] Ora mung iku, liwat filem iku uga Ale bisa nggayuh suksès dadi panulis Skenario Carita Adaptasi paling apik lan Sinematografi Paling Apik.[1]

Taun 2011, pahargyan akbar para insan pafileman Indonésia digelar ing RCTI.[2] Indonésian Movie Awards (IMA), acara taunan kang wis kaping lima iki ngusung 14 kategori bebungah, ya iku 8 kategori paling apik, dibiji langsung déning para juri, lan kategori paling disenengi kang dipilih liwat voting SMS.[2] Film kang dirilis kawit tanggal 1 Maret 2010 nganti 28 Fèbruari 2011 iku filem-filem kang dibiji dhéwan juri kaya ta Didi Petet, Leila Salikha Chudori, Teddy Soeriaatmadja, Ratna Riantiarno lan Salman Aristo.[2] Ari Sihasalé dadi salah siji nominator ing ajang mau lan olèh kategori sutradhara filem paling disenengi amarga filem Tanah Air Beta bebarengan karo Robby Ertanto Soediskam amarga filem kang judhulé 7 Hati 7 Cinta 7 Wanita.[2]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Ale palakrama karo aktris kang jenengé Nia Zulkarnaen.[1] Saka nikahan mau Nia lan Ale (undangan saka Ari Sihasale) tau kena kontrovèrsi amarga agama kang ora padha (Nia Islam lan Ale Kristen).[1] Ana kabar liyané kang nyebut manawa Nia pindhah agama mèlu agamané Ale.[1] Kabar iki agawé para kadangé kuciwa, amarga Nia ditepungi dadi muslim kang tangat, kaya ta gegandhèngané karo ibuné kang dadi anggota parté Islam.[1] Nanging, Nia nengahi babagan mau lan nyatakaké manawa dhèwèké iku wis nikah ing Perth, Australia.[1] Anané dhèwèké ing upacara kang dilakoni ing gréja mung kanggo ngurmati garwané, ora kanggo pindhah iman.[1]

Filmografi[besut | besut sumber]

Dadi paraga[besut | besut sumber]

Dadi prodhuser[besut | besut sumber]

Dadi sutradhara[besut | besut sumber]

Sinétron[besut | besut sumber]

  • Ali Topan Anak Jalanan
  • Andini
  • Cinta Pertama
  • Camelia
  • Antara Jakarta-Perth

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k biografi Ari Sihasale diundhuh tanggal 11 September 2011
  2. a b c d berita Ari Sihasale diundhuh tanggal 11 September 2011