Menyang kontèn

Biografi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Biografi punika cariyos utawi katrangan ngéngingi kagesangan satunggaling tiyang. Satunggaling biografi langkung komplèks tinimbang pratélan tanggal wiyosan utawi pejahipun lan data-data pakaryan satunggaling tiyang, biografi ugi nyariosaken ngéngingi manah ingkang kalibat nalika ngalami kadadosan-kadadosan wau. Biografi iku satunggaling wacan ingkang wosipun riwayat pagesangan tiyang ingkang dipunserat déning tiyang sanès. Punapa kemawon ingkang limrahipun dipun-sebataken ing biografi, inggih punika wekdal lan panggénan kelairanipun, jaman alitipun, pendhidhikanipun, pakaryanipun, prèstasi-prèstasinipun, ngantos ing jaman sapunika. Maos biografi punika wigatos, supados saged mangertosi babagan tokoh-tokoh ingkang saé dados tuladha.[1].

Tuladha biografi tokoh:

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Kodhe basa ora trep. Yatmana, Sudi dkk. Kabèh Seneng Basa Jawa 2 SMA Kelas XI. ISBN 979-746-455-5. Yudhistira.Jakarta. (2005:98)