Menyang kontèn

Temu ireng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Curcuma aeruginosa)
Temu ireng(Curcuma aeruginosa)

Temu ireng (Curcuma aeruginosa) asalé saka Burma, Kamboja, Indocina, lan nyebar nganti tekan Jawa.[1] Tuwuhan iki bisa urip ing plataran lan ing tegalan, temu ireng uga akèh tinemu ing alas jati, ing suket-suket, utawa ing sawah, lan ing dataran cendhèk kang dhuwuré 400-750 mèter sandhuwuré banyu sagara.[1] Temu ireng duwé sipat kimiawi lan efek farmakologis: rasané pahit, lan sifaté anget.[2] Temu ireng iki kagolong analgetik (ngurangi lara), lan mbuyarake getih kang mbeku utawa obat peninggi badan Archived 2014-05-19 at the Wayback Machine..[2]

Temu ireng iku salah siji tuwuhan semak.[3] Tuwuhan iki bisa ditandur kanthi cara umbi.[4] Jeneng liyané: temu erang (Melayu); koneng hideung (Sunda); temu ireng (Jawa); temo ereng (Madura); tamu leteng (Makassar); temu lotong (Bugis).[5]

Temu ireng(Curcuma aeruginosa)

Carané nandur temu ireng[besut | besut sumber]

Pilih umbi kang wis tuwa lan nduwéni tunas.[4] Umbi iki bisa langsung ditandur ing plataran, tegalan lan sapanunggalané.[4] Bagean kang minangka usada iku rimpang utawa umbiné.[6] Carané rimpang diumbah, banjur dikethoki, banjur diangin-anginké supaya kandhungan lenga asiriné ora ilang.[6]

Wujud Fisik[besut | besut sumber]

Wité semu, dhuwuré 50 cm warnané ijo.[7] Godhonge siji, tangkaine dawa, 2-9 helai.[1] Helai godhonge wujudé bunder, ndawa.[1][7] Werna kulit njaba kuning lan mengkilap, pucuke jambon.[7] Balung godhonge nyirip, warnané ijo tuwa.[1] Godhongé ora ana wuluné, ukurané 90 x 30 cm, warnané ijo.[8]

Kasiat Temu Ireng[besut | besut sumber]

Temu ireng akèh kasiaté kaya ta:[9]

  • nyuburaké kandhutan
  • cacingan
  • ambéien
  • lara haid
  • lelara kulit kaya ta korèng, kudis, borok
  • sariawan
  • Ngobati watuk lan asma, carané:temu ireng (25 g) diumbah, banjur dikethoki tipis-tipis.[6] Digodhog nganggo banyu rong gelas suwéné 20 menit.[6] Sawisé iku, banjur diumbarké adhem, disaring. Kanggo wong kang lara asma diombé ésuk lan soré.[6]
  • Nambah nafsu mangan, carané: temu ireng saukuran jempol, dikumbah resik, diiris tipis-tipis.[6] digodhog nganggo rong gelas banyu putih nganti asat sisa sagelas.[6] Diadhemke, banjur disaring. Diombe sadina kaping pindho, ésuk lan sore sadurungé madhang.[6]
  • Nétralké racun ing jero awak, carané: 25 gram temu ireng, 30 gram takokak digodhog karo 600 cc banyu nganti sisa 200 cc banjur disaring lan diombé nalika isih anget.[8]
  • Temu ireng uga asring minangka ibu-ibu kang nglairaké kanggo nambah stamina.[10]
  • Saliyané iku uga bisa dienggo ngresiki sabubaré nglairaké, kanthi cara: temu ireng(rong driji) diumbah resik, banjur dioncèki.[6] Bubar dioncèki diuleg nganti lembut, tambahaké setengah cingkir banyu panas, banjur diudhek nganti rata.[6] Yèn wis adhem disaring banjur diombé.[6] Dilakoni telung dina sabubaré nglaéraké.[6]

Cithakan:Bumbon crakèn

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e iptek tanaman obat Archived 2010-05-22 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 24 Fèbruari 2011)]
  2. a b [Wijayakusuma, Hembing.2006. Atasi Asam urat dan Rematik Ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara]
  3. temu ireng[pranala mati permanèn] (diakses tanggal 24 Fèbruari 2011)
  4. a b c Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 89-91. ISBN 979-489-308-0
  5. tanaman obat Archived 2011-04-05 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 24 Fèbruari 2011)
  6. a b c d e f g h i j k l Temu hitam sebagai obat herbal) Archived 2010-11-24 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 27 Fèbruari 2011)
  7. a b c [Muhlisah, Fauziah.2001. Tanaman Obat Kulawarga. Jakarta: Penebar Swadaya.
  8. a b tanaman herbal Archived 2011-02-01 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 28 Fèbruari 2011)]
  9. temu hitam[pranala mati permanèn] (diakses tanggal 27 Fèbruari 2011)]
  10. temu ireng (diakses tanggal 24 Fèbruari 2011)