Menyang kontèn

Das Boot

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Das Boot iku sawijining filem perang Jerman saka taun 1981. Filem iki dhedhasar sawijining roman mawa asesirah kang padha anggitané Lothar-Günther Buchheim. Filem iki disutradarani Wolfgang Petersen. Filem iki olèhé main nalika Perang Donya 2 ing sasi Novèmber lan Désèmber 1941 lan nuduhaké pangalamané awak kapal sawijining kapal silem Jerman kang ana ing tengahing samodra Atlantik.

Film iki ndarbèni telung vèrsi: vèrsi bioskup 1981, vèrsi télévisi 1985 lan director's cut weton taun 1997.