Menyang kontèn

Dhasi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dhasi

Dhasi ya iku aksesoris sandhangan kang digawé saka kain lan dikalungké ing gulu klambi utawa keméja lan nggantung ing dhadha.[1] Dhasi dhapuré segipapat dawa lan ing pucuké mbentuk segitelu.[1] Ana uga dhasi kang cekak lan simpule kaya elar kupu-kupu.[1] Dhasi kang mirib kaya elar kupu diarani dhasi kupu-kupu.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Wiwit jaman batu, aksesori ing gulu lan dhadha uga wis ana.[2] Aksesoris iki kanggo ciri kalompok saka strata kang dhuwur.[2] Aksesoris iki lumrahé dienggo wong lanang.[2] Semana uga dhasi lumrahé dienggo wong lanang.[2] Dhasi lumrahé dienggo nalika ing kantor, rapat, lan ing kaanan kang resik lan aji.[2] Dhasi lumrahé dienggo wong-wong kang nduwé pangkat.[2] Ing jaman Romawi Kuno wis ana kain kanggo nutupi gulu. Kain iki dienggo juru bicara.[2] Sawisé iku para prajurit Romawi uga ngenggo. Kain kang dienggo ing gulu kang saiki ngalami évolusi dadi dhasi uga ana ing patung watu ing makam kuna, Xian, Tiongkok.[2]

Aksesori kanggo gulu uga moncér ing jamané Shakespeare ing taun 1564-1616. Aksesori iki diarani ruff.[2]Krah kaku kang digawé saka kain putih iki dhapuré kaya piringan gedhé kang ngubengi gulu.[2] Supaya ora rusak bentukké, ruff uga dikanji. Yèn dienggo terus ruff kang tumpuk-tumpuk bisa njalari iritasi ing gulu.[2] Sawisé ruff banjur ana cravat. Cravat digawé nalika papréntahan Louis XIV taun 1660-an. Dhasi asalé saka nagara Kroasia. Ing kroasia dhasi diarani Hrvatska.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d artikata.com(dipunundhuh tanggal 7 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l femina-online.com Archived 2011-06-06 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Juni 2011)