Menyang kontèn

Leroy Sané

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Leroy Sané wektu isih main ndhik Schalke taun 2015. Saiki piyambaké main ndhik Manchester City

Leroy Sané iku juru main bal-balan profèsional sing lair ana ing Jerman tanggal 11 Januari 1996.[1] Posisiné ya iku dadi glandhang (panyerang).[1] Ibu lan bapaké uga dadi atlet.[2] Ibuné, Regina Weber-Sané iku siji-sijiné atlet teka Jerman sing éntuk medali ndhik olimpiade ndhik cabang senam ritmik.[2] Ana déné bapaké, Souleyman Sané iku sosok juru main ba-balan sing wis ora asing manèh ndhik Jerman.[2] Masé Leroy sing jenengé Kim Sané lan adiné sing jenengé Sidi uga dadi juru main bal-balan.[2]

Karir[besut | besut sumber]

Leroy iku jebolané akademi bal-balané FC Schalke 04 sing kawentar ya iku Knappenschmiede.[2] Leroy Sané gabung karo Schalke taun 2005.[2] Ndèk taun 2008, piyambaké pindah nang Bayer 04 Leverkusen.[2] Nanging taun 2011, Sané mbalek manèh nang FC Schalke 04.[2] Piyambaké nandatangani kontrak profésional kapisané bulan Maret taun 2014.[2] Wiwit taun 2016 iki piyambaké gabung karo Manchester City F.C..[3] Pemain sing umuré isih 20 taun iku dituku sakrega 645 miliar.[3] Malah uga piyambaké wes main ndhik tim bal-balan senior Jerman.[3]

Kemampuané[besut | besut sumber]

Josép Guardiola tau ngomong yèn Sane nduwé keterampilan teknik tinggi sanajan isih enom.[3] Sane uga ahli nggiring bal, nduwé kecepatan, pinter nyiptakné peluang kanggo kanca-kancané saktim, iso kerja kerja tim, lan tajem mbobol gawang.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b "Leroy sané". www.goal.com. Dibukak ing 21 August 2016.
  2. a b c d e f g h i "Leroy Sané dan Generasi Baru dari Knappenschmiede". www.panditfootball.com. Dibukak ing 21 August 2016.
  3. a b c d e "Siapa Leroy Sane yang baru dipinang Manchester City?". www.beritagar.id. Diarsip saka sing asli ing 18 January 2021. Dibukak ing 21 August 2016.