Menyang kontèn

Lilin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
lilin di Candhi Buda

Lilin ya iku blok solid saka Wax kanthi sumbu kang tumancep disumed kanggo madhangi panggonan kang peteng, kadhang-kadhang krasa panas. Miturut sajarah, lilin digunakaké minangka metode kanggo njaga wektu. Lilin iku duwé manfaat kanggo penerangan.[1] Nanging ana uga lilin kanggo aromaterapi.[1] Lilin iki ambuné wangi lan bisa ndadékaké swasana kang nyenengaké awit ambuné kang nggawé rileks.[1] Lilin akèh maceme, lumrahé dhapuré lonjong utawa silinder.[1] Nanging ana uga lilin kang dhapuré warna-warna.[1]

lilin ulang taun

Balikpapan, Sorong lan Plaju kalebu laladan penyuplai bahan baku lenga bumi kanggo nggawé lilin.[2] Saliyané iku bahan baku kanggo nggawé lilin uga bisa diimpor saka nagara Cina.[2] Bahan baku kanggo nggawé lilin saka olahan lenga bumi kang diarani paraffin.[2]

Lilin Natal[besut | besut sumber]

Wis dadi tradisi tumrap umat Kristen nalika ibadhah Natal mesti ana penyalaan lilin kanthi massal.[3] Moment iki kalebu momen wajib ing acara Natal.[3] Lilin nglambangaké Kristus kang bisa dadi pepadhanging donya.[3] Nalika penyalaan lilin, lampu-lampu dipateni. Swasana kang kaya mengkené sang saya gawé hikmat lan trenyuh tumrap ibadhah Natal.[3] Saliyané nguripake lilin para umat Kristen uga nyanyekaké lagu Malam Kudus.[3]

Geni[besut | besut sumber]

Nalika kena panas paraffin kang ora kebakar bakal terurai.[4] Paraffin iki dadi partikel-partikel karbon kang cikil banget.[4] Partikel-partikel iki amarga kena panas saka pembakaran bakal berpendar, lan cahyané rupané kuning padhang.[4] Nalika partikel-partikel karbon lan ngetokaké cahya kang ingkang padhang piyambak, méh kabéh éntuk oksigèn kang nggawé geni saya padhang.[4] Kadadéan iki padha karo lampu lenga liun utawa lenga gas, kertas kang dibakar, api unggun, alas kobong, omah kobong, kabéh iku mau duwé geni kang wernané kuning.[4] Nanging amarga udara ora bisa rikat ngalir kanggo nggawé bahan bakar kebakar mulané kabéh bakal dadi karbondioksida lan banyu.[4]

Lilin dianggep duwé makna éndah, romantis.[5] Nanging geni lilin uga bisa mbebayani.[5] Geni kang panas iki bisa ngobong omah, luwih-luwih yèn omahé digawé saka kayu lan ana angin gedhé.[5] Rong prekara iki kang njalari omah kebakar amarga geni lilin.[5] Lilin kena diuripké lan diséléhaké panggonan kang aman saéngga ora njalari kebakaran.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e balihandicraft.web.id Archived 2011-10-09 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  2. a b c bandung.detik.com(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  3. a b c d e sosbud.kompasiana.com Archived 2010-07-22 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
  4. a b c d e f isidunia.com Archived 2011-06-07 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
  5. a b c d e metrotvnews.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)