Menyang kontèn

Ousmane Dembélé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ousmane Dembélé
Dembélé rikala main ing La Liga Spanyol mengsah Real Valladolid
Katerangan priangga
Jeneng dawa Ousmane Dembélé
Tanggal lair (1997-05-15) 15 Mèi 1997 (umur 27)
Papan lair Vernon, France
Dhuwur 1.78 m (5 ft 10 in)[1]
Posisi main Penyerang
Katerangan klub
Tim saiki
Barcelona
Angka 11
Karir nom
2004–2009 Madeleine Évreux
2009–2010 Évreux
2010–2015 Rennes
Karir sénior*
Taun Tim Main (Gul)
2014–2015 Rennes II 22 (13)
2015–2016 Rennes 26 (12)
2016–2017 Borussia Dortmund 32 (6)
2017–saiki Barcelona 3 (0)
Tim nasional
2013–2014 Perancis U17 8 (4)
2014–2015 Perancis U18 5 (0)
2015 Perancis U19 3 (1)
2016– Perancis U21 4 (0)
2016–saiki Perancis 7 (1)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 7 January 2018.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 13 June 2017

Ousmane Dembélé (lair 15 Méi 1997) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Prancis ingkang main ing posisi minangka panyerang ing klub FC Barcelona lan Timnas Prancis.[2] Dembélé miwiti karir sénior ing klub Rennes' Championnat de France Amateur 2 minangka juru main cadhangan, ing tanggal 6 Sèptember 2014.[2] Ing menit 78 Dembélé nggantosaken Zana Alleé lan dipunkombinasikaken kalih Ambroise Gboho kanggé mbiyantu Alseny Kourouma damel gol ka kalih lan menang 2-0 mengsah Guingamp.[2]

Tanggal 9 Novèmber, Dembélé nyithak gol pertama, wekdal pertandhingan ing Stade de la Piverdière.[2] Dembélé nyithak 13 gol ing 18 pertandhingan, kalebet hat-trick ing tanggal 16 Mèi 2015 wekdal menang 6-1 ngalahaken Hérouville.[2] Tanggal 12 Mèi 2016, Dembélé nandhatangani kontrak gangsal taun kanggé klub Jerman Borussia Dortmund, wiwit 1 Juli.[2]

Dortmund tumbas Dembélé kanthi regi €15 juta.[3] Ing Dortmund, Dembélé langsung tampil saé lan main ing kathah pertandhingan.[3] Semusim ing Dortmund, Dembélé nyithak enen gol saking 32 pertandhingan.[3] Ing pungkasaning mangsa, Dembélé kapilih minangka juru main debutan ingkang saé piyambak Bundesliga.[3] Satunggaling préstasi ingkang ndamel FC Barcelona ngrekrut Dembélé.[3] Taun 2017 Dembélé dipunrekrut saking Dortmund kanthi regi £97 yuta utawi 1,6 triliun rupiyah.[3]

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Ousmane Dembélé - FC Barcelona". www.fcbarcelona.com. Dibukak ing 8 January 2018.
  2. a b c d e f Dembélé (dipunundhuh tanggal 8 Januari 2018)
  3. a b c d e f baru Barcelona, Ousmane Dembele (dipunundhuh tanggal 8 Januari 2018)