Menyang kontèn

Ping

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ping (cekakan saka Packet Internet Gopher) ya iku program utilitas kang bisa minangka mriksa konèktivitas jaringan kang basisé tèknologi Transmission Control Protocol/Internet Protocol (TCP/IP).[1] Kanthi nganggo utilitas iki, Bisa diuji apa komputer siji terhubung karo komputer liyané.[1] Ping iki dilakokake kanthi ngirim paket kepada alamat IP kang arep dijajal konektivitasnya lan ngenteni responne.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Mike Muuss nulis program iki ana ing sasi Dhésèmber 1983, minangka sarana kang gunané ngoleki sumber masalah ana ing jaringan.[2] Miturut Mike Muss uga, jeneng "ping" wiwitane saka swara echo (sonar) ana ing kapal selam yèn nalikane operator ngirimake pulsa-pulsa swara tumuju ing sasaran, mula saka iku swara mau mesti mantul lan ditampa manèh nalika wis ngeneni sasaran lan ana ing jangka wektu dhéwé.[2]

Tuladhané Ping[besut | besut sumber]

Utilitas ping nuddhuhake kasil kang positif yèn ana komputer loro lan padha-padha nyambung ana ing sawijining jaringan.[2] Kasil awujud statistik kaanan koneksi banjur ditampilake ana ing pérangan keri.[2] Kualitas koneksi disa didelok saka gedhene wektu lunga-bali (roundtrip) lan gedhene jumlan paket kang ilang (packet loss).[2] Sansaya cilik angka kekerone, sansaya apik kualitas koneksine.[2]

  • Tuladhané Ping ing Linux marang www.google.com:[1]
$ ping www.google.com
PING www.l.google.com (64.233.183.103) 56(84) bytes of data.
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=1 ttl=246 time=22.2 ms
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=2 ttl=245 time=25.3 ms
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=3 ttl=245 time=22.7 ms
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=4 ttl=246 time=25.6 ms
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=5 ttl=246 time=25.3 ms
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=6 ttl=245 time=25.4 ms
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=7 ttl=245 time=25.4 ms
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=8 ttl=245 time=21.8 ms
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=9 ttl=245 time=25.7 ms
64 bytes from 64.233.183.103: icmp_seq=10 ttl=246 time=21.9 ms

--- www.l.google.com ping statistics ---
10 packets transmitted, 10 received, 0% packet loss, time 9008ms
rtt min/avg/max/mdev = 21.896/24.187/25.718/1.619 ms
  • Tuladhané Ping ing Microsoft Windows XP marang www.google.com:[1]
C:\>ping www.google.com

Pinging www.l.google.com [64.233.183.103] with 32 bytes of data:

Reply from 64.233.183.103: bytes=32 time=25ms TTL=245
Reply from 64.233.183.103: bytes=32 time=22ms TTL=245
Reply from 64.233.183.103: bytes=32 time=25ms TTL=246
Reply from 64.233.183.103: bytes=32 time=22ms TTL=246

Ping statistics for 64.233.183.103:
    Packets: Sent = 4, Received = 4, Lost = 0 (0% loss),
Approximate round trip times in milli-seconds:
    Minimum = 22ms, Maximum = 25ms, Average = 23ms

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e ftp.arl.mil
  2. a b c d e f "www.eventhelix.com" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2020-11-06. Dibukak ing 2011-06-07.