Menyang kontèn

Sajadah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sajadah ukuran sedheng
sajadah karpet mèteran

Sajadah ya iku alas kang kanggo salat, wujudé karpet lan sakpanunggalané ukuran cilik, kurang luwih 80 x 120 cm.[1] Sajadah iku digawé saka bahan karpet.[2] Sajadah nduwéni manéka ukuran lan warna.[2] Manéka ukuran sajadah ana telung ukuran.[2] Kaping pisan ukuran meteran lumrahé kanggo masjid, kaping loro ukuran sedheng utawa sakukuran kanggo wong siji lan kaping telu ukuran cilik kanggo bocah cilik.[2] Sajatiné bahan-bahan kang kanggo gawé sajadah padha nanging bahan kanggo gawé sajadah bocah cilik iku lumrahé saka kain flannel.[3] Kain flannel iku bahané alus, ora gampang luntur, kepénak digunting, bisa dijait, dilém katimbang kain-kain liyané.[3] Kain flannel uga duwé mligine kain kang béda karo liyané ya iku bab manéka warna kaya ta ana warna abang, kuning, ijo,ungu, klawu, abang enom lan ireng.[3].

Cathetan suku[besut | besut sumber]