Menyang kontèn

Semporna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lokasinipun Kutha Semporna

Semporna inggih punika nama salah satunggalipun kutha ingkang wonten ing Divisi Tawau, ing sawètanipun Sabah, Malaysia, ing Pulo Bornéo.[1] Kutha Semporna gadhah populasi padunung kinten-kinten 133.000 ing taun 2006.[2]

Semporna kapanggih déning Inggris.[1] Sadèrèngipun gadhah nama Semporna ingkang tegesipun papan panggènan kanggé lérén, kutha punika gadhah nama Tong Talun.[1] Wonten cariyos bilih dipunparingi nama Semporna amargi rumiyin ing kutha punika wonten pakempalan sekawan panglima - Panglima Kabogan, Panglima Bum-Bum, Panglima Simunul lan Panglima Abdullah.[1]

Semporna wujudipun pulo ageng ingkang ing sakiwatengenipun kathah pulo alit.[1] Amargi panoramanipun ingkang éndah, saéngga saged narik kawigaten wisatawan manca nagari.[1] Pulo ingkang dipunremeni déning wisatawan inggih punika Pulo Sipadan lan Pulo Mabul.[1] Semporna dipunsambungaken kaliyan dharatan kanthi brug Pegagau.[1] Wewengkon Pegagau taksih mlebet wewengkon Semporna.[1]

Masarakat Semporna kapérang saking kaum, bangsa, lan agami ingkang bènten-bènten. Nanging kaum ingkang kathah piyambak inggih punika saking suku Bajau.[1]

Semporna ugi misuwur kanthi lomba dayung Regatta Lepa (lomba prau alit) ingkang dipunwontentenaken ing wulan April saben taun.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k [1] Archived 2011-08-09 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 1 Agustus 2011)
  2. ["Basic population characteristics by administrative districts - 2006", Department of Statistics, Malaysia.]

Pranala njawi[besut | besut sumber]