Menyang kontèn

Senam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Senam

Senam ya iku kalebu sajeroning cabang ulah raga kang nganggo grakan mbutuhake tenaga,lan bisa selaras antarané obahan fisik sing teratur.[1] Wujud modern senam ya iku: Palang tak seimbang, balok keseimbangan, senam lantai.[1] Wujud-wujudé iku mau bisa tumuwuh saka latihan kang digunakaké déning bangsa Yunani kuna kanggo numpaki lan mudun saka kéwan jaran lan sirkus.[1]

Senam racaké digunakaké wong kanggo rekreasi, relaksasi utawa nenangake pikiran, racaké ana sing dilakoake ing omah, ing panggonan kanggo senam utawa fitness, ing gymnasium utawa ing sekolah.[1]

Saiki, wiwit cilik wis akèh bocah cilik kang wis biyasa dilatih senam, diajari wong tuané utawa guru ulah raga ing sekolah.[1]

Senam iku wigati banget kanggo mbentuk awak, supaya awak dadi séhat lan seger.[1]

Senam jenise warna-warna, ana senam lantai, senam hamil, senam aerobik, senam pramuka, Senam Kesegaran Jasmani (SKJ), dsp.[2] Biasane ing sekolah dhasar utawa SD, guru-guru ngajarake senam-senam kang gampang dimangerteni déning murid-murid, kaya ta SKJ lan senam pramuka.[2] Nanging nalika wis wiwit remaja, akèh wong-wong kang nglakokaké senam aerobik, utawa senam-senam liyané kang kalebu meditasi kanggo nenangake pikiran.[2]

Dheleng uga[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f Senam Archived 2011-05-18 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 16 Juni 2011)
  2. a b c raga-Fitness/Aerobik/1/ Ulah raga & Fitness > Aerobik [pranala mati permanèn] (Dipuntingali tanggal 17 Juni 2011)

Gladri[besut | besut sumber]