Menyang kontèn

Su Shi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Su Shi
Patung Su Dongpo cedhak karo Danau Wétan ing Hangzhou
PakaryaPoet, Essayist, Painter, Artist, Calligrapher, Statesman

Su Shi (苏轼) (lair 8 Januari 1037 – pati 24 Agustus 1101 ing umur 64 taun) ya iku sastrawan, penyair, pelukis, kaligrafer ing jaman Dinasti Song.[1] Su Shi kerep diarani Su Dongpo(苏东坡).[2] Su Shi lair saka kulawarga sastrawan ing Meishan, saiki provinsi Sichuan.[1] Dhèwèké sinau ing panggonan kang duwé prabawa Taoisme.[1] Ing taun 1057, Su Shi kang lagi 19 taun nempuh ujian nagara lan éntuk gelar jinshi (进士).[1]

Sawisé ujian nagara, dhèwèké njabat ing pirang-pirang kalungguhan ing kraton.[1] Su Shi kerep nggunakaké puisi kang ditulis kanggo ngkritik pulitik ing kraton.[1] Salah siji saka pejabat kration kang dikritik ya iku Wang Anshi.[1] Kabèh mau nyeabake Su Shi dikirim ing pluruhan minangka ukumane amarga dhèwèké dituding nglakoni kejahatan pulitik.[1] Sanajan kaya ngono, Su Shi tetep nulis kanthi jeneng pena Su Dongpo.[1] Dhèwèké uga nulis kaligrafikanthi cacah akèh, salah sijiné kanthi irah-irahan Han Shi Tie kang ngrembag ngenani dhèwèké nalika ing pluruhan kanthi ijèn.[1] Pungkasane Su Shi éntuk kepercayan manèh lan tinanggenah ing Chengdu.[1] Nanging Su Shi ora nganti tekan kutha mau amarga tinggal donya nalika ing dalan.[1] Dhèwèké tinggal dony nalika umur 64 taun.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m Su Shi Archived 2007-12-05 at the Wayback Machine., China ABC. Diundhuh tanggal 17 Mèi 2010.
  2. Su Shi, China Online Museum. Diundhuh tanggal 31 Mèi 2010.