Menyang kontèn

Xingyiquan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sun Lu Tang mragakake Xingyi

Xingyiquan ya iku ngèlmu béla dhiri Tiongkok kang nggabungaké filosofi Wu Xing (limang élemèn) menyang sajeroning jurus-jurusé.[1] Xingyi ya iku ngèlmu bela diri kang tuwa dhéwé ing antarané telung ngèlmu bela diri neijia (liyané ya iku Baguazhang lan Taijiquan).[1][2] Ing jaman biyèn Xingyiquan uga sinebut Xin Yi Liu He Quan (pertalan lepas: Jurus (kepruk) Enem Keharmonian Ati lan Pikiran).[2] Duweni rolas obahan kang asalé saka kéwan, naga, macan, kethèk, jaran, baya, pitik jago, manuk garudha, manuk swallow, manuk rajawali, bruang lan roc (binatang legenda).[1]

Pambentuke jurus iki duwé ikatan karo Jendral Yue Fei(1103-1141) sanajan ora ana data tertulis ngenani babagan iki.[2] Déné pengembangane ditindakake déning Ji Long Feng, sawijining petarung saka Dinasti Ming kang bisa nggunakaké tombak kanthi apik.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d Xingyiquan, Esoteric Martial Arts. Diundhuh tanggal 31 Mèi 2010.
  2. a b c Hsing I, Shen Wu. Diundhuh tanggal 31 Mèi 2010.